ﺍ ﺳﺘﻐﻔﺮﺍﻟﻠﻪ ﺭﺏ ﺍﻟﺒﺮﺍﻳﺎ # ﺍﺳﺘﻐﻔﺮﺍﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺨﻄﺎﻳﺎ
ﺭﺏ ﺯﺩﻧﻲ ﻋﻠﻤﺎ ﻧﺎﻓﻌﺎ # ﻭ ﻭﻓﻘﻨﻲ ﻋﻤﻼ ﺻﺎﻟﺤﺎ
ﻳﺎ ﺭﺳﻮﻝ ﺍﻟﻠﻪ ﺳﻼﻡ ﻋﻠﻴﻚ # ﻳﺎﺭﻓﻴﻊ ﺍﻟﺸﺎﻥ ﻭ ﺍﻟﺪﺭﺝ
ﻋﻄﻔـﺔ ﻳﺎﺟﻴﺮﺓ ﺍﻟﻌﺎﻟﻢ # ﻳﺎﺍﻫﻴﻞ ﺍﻟﺠﻮﺩ ﻭ ﺍﻟﻜﺮﻡ
*Ngawiti ingsun nglaras syi'iran Kelawan muji maring Pengeran
Kang paring rohmat lan keni'matan Rino wengine tanpo pitungan
Rino wengine tanpo pitungan
*Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro
Tembe mburine bakal sangsoro
*Akeh kang apal Qur'an Haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatekke
Yen isih kotor ati akale
Yen isih kotor ati akale
*Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto
Mulo atine peteng lan nisto
*Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sa'pranatane
Go ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine
Baguse sangu mulyo matine
*Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo haqiqot manjing rasane
Ugo haqiqot manjing rasane
*Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo
Den tancepake ing jero dodo
*Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge Iman
Minongko dalan manjinge Iman
*Kelawan Alloh Kang Moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadlohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Dzikir lan suluk jo nganti lali
*Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran
Kabeh tinakdir saking Pengeran
*Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo ngasiyo (nyio-nyio)
Iku sunnahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito
Nabi Muhammad panutan kito
*Ayo nglakoni sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senadjan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate
Ananging mulyo maqom drajate
*Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese
Utuh mayite ugo ulese
ﻳﺎ ﺭﺳﻮﻝ ﺍﻟﻠﻪ ﺳﻼﻡ ﻋﻠﻴﻚ # ﻳﺎﺭﻓﻴﻊ ﺍﻟﺸﺎﻥ ﻭ ﺍﻟﺪﺭﺝ
ﻋﻄﻔـﺔ ﻳﺎﺟﻴﺮﺓ ﺍﻟﻌﺎﻟﻢ # ﻳﺎﺍﻫﻴﻞ ﺍﻟﺠﻮﺩ ﻭ ﺍﻟﻜﺮﻡ